Rabu, 11 Februari 2015

CERITA CEKAK BAHASA JAWA AMARGA BB



AMARGA BB

DANING unjal ambegan gede mandeng hape-ne. Gara-gara kuwi Daning asring dilokne ketinggalan jaman karo kanca-kancane wali murid ing TK Dharma. Sebab kanca-kancane mau padha nggawe BB, padha nggawe grup ibu-ibu wali murid barang. Ibu-ibu kuwi asring tukar informasi. Wiwit saka pe-er-e cah-cah nganti ngomongne gosip panas ing tele­visi. Asring Daning rumangsa asing lungguh ing sandhinge wong-wong mau. Arep melu ngobrol ning ra ngerti jun-trungane, apa maneh yen ngomong dha nganggo kodhe lan basa sing mung di-ngerteni anggota grup iku dhewe. Byuh, Daning terus rumangsa dadi wong sing ndesit dhewe.
Mula, Daning njur ngomong marang sisihane yen pengin banget ruku BB. Ardi sing krungu mung nggleges. " Nggo apa BB? Kaya wong penting bae?"
Daning langsung njaprut. "Dadi, kudu dadi wong penting ta yen arep ruku BB, kuwi?" kandhane rada sengol.
Ardi mesem. "Hehe, maksudku..."
"Wis, aku ngerti maksud sampeyan. Rak ora ngolehi aku ruku BB, ta?" Da­ning njur menyat mlebu kamar, ninggal Ardi sing mlongo heran.
Sak wise obrolan wengi kuwi Daning mogok omong karo bojone. Esuk mau nalika dipamiti Ardi sadurunge budhal nyang kantor, olehe nyauri ora sumri-ngah kay: biasane. Malah mangkelne, wong olehe njawab ora karo mandeng sing pamit/in.
Sore iki Daning ya panggah meneng bae nalika Ardi bali saka kantor. Anggone ngono iku nggo mancing Ardi, wong dheke ngreti yen Ardi kuwi ora bisa yen dimenengne sedhela bae. Bia­sane terus mbingung lan takon ana apa sing marahi Daning kaya ngono iku.
Ning ora kaya pangirane, Ardi ya meneng bae. Teka mulih saka kantor watara jam lima, terus iwut karo pitike. Pitike beres, njur adus lan sholat ma-ghrib dhisik sadurunge mangan bengi. Bubar kuwi Ardi nuli guyon anak mba-repe, Lindy. Bar iku sholat isya' njur bablas pamitan turu.
Heh? Daning jan gela marang sing lanang iku. Batine, kok malah terus ma­pan turu? Kok ra nanggapi sikepku babarpisan.
Daning kukur-kukur sirahe, nyadhari menawa strategine dina iki gagal total. Ning Daning emoh mundur. Gagal dina iki durung mesthi ya gagal dina candhak-e. Ya wis, aku arep gawe aksi sing luwih seru. Sesuk yen butuh apa-apa ora arep taksauri, tekade karo ngepelne tangane.
Tenan. Sore dina candhake nalika Ardi ibut nggoleki korek lan rokoke, Daning ora cawe-cawe. Mung nyawang wae karo ngerjakne kristik.
"Neng ngendi ta ya?" Ardi kukur-kukur sirahe.
Daning api-api ora krungu. Kepara malah dipenak-penakne olehe lungguh karo nlusupne benang siyet nurut pola gambar kristik ing ngarepe.
"Huuuh!" Andi unjal ambegan ge-dhe. Sajak wiwit ora sabar merga rokok lan koreke durung ketemu.
"Ning, awakmu ora weruh korek lan rokokku?"
Oh, takon tibane. Daning nyebek. Sepurane aku ora arep njawab, Mas.
"Ning?!" Ardi ndulit pundhake Daning.
Daning noleh, sak kedhepan bae. Nuli nerusake kegiatane maneh. Kaya-kaya ora njawani apa sing ditakokne Ardi.
"Ora ngerti ta sampeyan karo rokok lan korekku?" Ardi takon maneh.
Sing ditakoni ora njawab babar pisan. Karo mbesengut Ardi ngedumel, "Ditakoni kok jegidheg kaya reca? Mbok ya njawab ngono lho."
Daning jroning ati ngguyu dhewe. Rasakna, penak pa dijarne bojo kuwi, batine karo nerusake nggarap kristike.
Dina kepindho, Daning isih tetep nglakoni aksine. Panggah ora gelem nyauri nalika sisihane pamitan budhal kerja. Ardi sing merahi kahanan kuwi mung bisa unjal ambegan gedhe. Jane yen nurati atine, Ardi kepengin ngamuk bae. Nanging yen dipikir jero, arep nesu ya ora marakne rampung masalahe. Ke-para malah dadi rame. Mikir kaya ngono kuwi akhire Ardi mbatalake niat ngamuke.
Sore watara jam 17.15, Ardi bali saka kantor. Ndilalah Daning ana ngarepan omahe. Wis ayu lan seger disawang. Ardi mesem marang Daning. Ning apa sing kedadean? Daning malah mlengos. Byuh, atine Ardi kaya didhodhog alu rasane. Marga ora kuwat, sabubare maghrib Ardi nyedhaki Daning.
"Ning, jane ana apa ta sampeyan iki?" alon-alon Ardi takon.
Daning sing asyik nonton teve mlengak sedhela. Banjur bali maneh nyawang televisi tanpa njawab apa-apa
"Ning?!"
Daning ngembusne napas gedhe. "Sampeyan kira-kira dhewe," kandhane cekak.
"Kok dikon ngira-ngira ki piye? Prasamu aku ki dhukun apa?" Ardi se-ngol.
"Ya, wis yen ora bisa!" Daning mlilik mangkel.
Bubar kuwi Daning menyat mlebu kamar. Ora bali nyang ruang tengah maneh. Weruh tingkah-lakune Daning, Ardi mung bisa nggeget untune. Mang­kel tapi kudu bisa ditahan. Awit yen mi­niti hawa nepsu perkara sepele iki malah bisa tambah gedhe.
Sesuk esuke, sadurunge mangkat kerja, Ardi takon maneh sabab musa-babe Daning mangkel marang dheweke.
Daning meneng dhisik sadurunge njawab. "Masa sampeyan ora kelingan panjalukku?"
Ardi ngeling-eling. Banjur nepuk bathuke. "Oalah perkara BB ta sing marahi sliramu ngenengne aku rong dina iki?"
Daning nyengir bae karo nggoreng tempe. Ardi meneng sedhela. Sawise unjal ambegan gedhe Ardi ngomong," Sakjane sampeyan arep gawe apa ta BB kuwi?"
"Lho kok gawe apa? Ya ben isa BBM-an. Nyambung silaturahmi karo kanca..." jawabe Daning karo iwut malik tempene.
"Tenane?! Soale akeh-akehe wong-wong tuku BB iku mung ben ora di-anggep ketinggalan jaman. Pokoke mung melu trend bae."
Daning meneng. Ngrasa menawa apa sing diomongne bojone kuwi pas tenan nggambarake kahanane. Jane dheweke ya ora pati butuh BB, nanging yen ora dhuwe rasane kok piye ngono.
Wong ibu-ibu kancane ing TK Dharma iya padha duwe kabeh.
"Yen mung gawe nyambung tali silaturahmi isih bisa kok nggawe hape biasa," Ardi karo nglirik Daning. "Apa hapemu wis ora bisa digawe tenan ta?"
Daning gedheg alon.
"Lha terus ngapa kok kepengin ganti BB?"
Daning mengo kanthi praupan mang­kel. Tambah mangkel maneh ngrungok-ne ukarane Ardi lanjutane,"Timbang tu­ku BB, mbok dhuwite disimpen bae. Bi­sa kanggo tambah-tambah ngepyan omah."
"Wis, ora ngomong maneh aku. Pan-cene sampeyan kuwi padune emoh nu-kokne!" semaure Daning sengol.
Sawise kuwi kahanan sepi. Ora ana sing cemuwit babar pisan nganti Ardi budhal menyang kantor. Daning dhewe nuli nyengklak Yamaha Mio-ne, nge-terne anake, Lindy sekolah TK Dharma.
Ing sadalan-dalan perasaane Daning tumuju sekolahane anake pikirane dadi ora karu-karuan. Ngambra-wara tekan ngendi-ngendi. Mbayangkejamannom-nomane nalika akeh priya pengin ngla-mar dheweke. Ing wektu kuwi ana dho-sen saka Unej, tentara lan dhokter. Tanpa mikir jero, Daning netepne ati milih Ardi masiya weruh yen dibandhingne wong-wong mau Ardi kuwi ora ana apa-apane. Nanging piye maneh, yen seneng ki pan-cen ora bisa ngapusi. Masiya wis diwe-nehi wawasan menawa masa depane karo wong-wong telu mau isih luwih apik saka Ardi ning Daning teguh ma­rang pendiriane.
Saiki lagi krasa yen apa sing do-mongne wong-wong mau bener. Urip karo Ardi akeh banget pertimbangane. Yen arep tuku-tuku mesthi dipikir dhisik perlu orane, apik lan eleke, lan sapanung-galane. Kaya dek wingi nalika arep utang klambi marang Mb?k Titin. Eh, iha kok Ardi malah kandha,"Sampeyan wulan wingi wis tuku klambi ta? Mbok saiki ora sah dhisik. Klambi akeh-akeh dieng-go apa? Wong mengkone ya dadi gom­bal."
Hara, sapa sing ora mangkel krungu omongan kuwi?
Coba biyen milih dhosen Unej kae apa dhokter? Ah, apa-apa bisa ketu-rutan, j are Daning tanpa sadhar.
Durung ana semenit Daning cepet-cepet ngralat, Dhuh, ngapunten kula Gusti. Kula kok nglantur mboten karuan.
Tekan sekolahan, lagi wae mudhun saka motore, Daning pethukan karo Mbak Santi, salah sawijining anggota grup BB ibu-ibu TK Dharma. Praupane katon surem, irunge abang kayadene badhut, lan mripate katon mbendhul. Ora kaya biasane, dheweke katon aras-arasen nalika Daning nyapa. Ora mung Daning thok, ibu-ibu liyane uga ngrasa ngono.
Ndilalah ana sing keprucut omong-ane kandha yen jare Mbak Santi iku tukaran karo bojone. Perkarane jare se­pele, gara-gara Mbak Santi iwut dhewe karo BB-ne sing bola-bali muni. Amarga sebab mau sisihane rumangsa dilir-wakne. Akibate, BB-ne ditarik njur di­banting ing ngarepe. Krungu crita kaya ngono iku, Daning ngelus dhadhane. Wadhuh, durung nganti tuku BB kok wis ana kedadeyan kaya ngono, batine miris.
Let telung dina saka kedadean kuwi, ana cerita maneh menawa ana ibu-ibu anggota grup BBM mau tukaran gara-gara status ing BB. Embuh piye statuse, sing jelas nalika kepethuk ing sekolahan padhadene ora gelem nyapa. Kepara ma­lah dha mlengos ing antarane siji lan sijine. Malah ora mung mlengos thok, karo-karone akhire padu rame ing njaba sekolahan. Gara-gara kuwi salah sijine meru saka grup mau. Pendhukunge ban­jur melu meru pisan! Grup sing maune katon harmonis mau terus dadi bubar karepe dhewe.
Lha dalah... Daning mlongo merahi kanyatan kang kaya ngono iku. Sanje-roning atine dheweke kandha,"Aja-aja kabeh iku mau teguran saka Allah kang­go aku sing kapiadreng tuku BB?"
Karo unjal ambegan Daning komat-kamit, "Walah, yen mekaten kula matur nuwun sanget. Panjenengan sampun maringi piwulang kados mekaten. Cobi menawi kula sampun nggadah BB, mbokmenawi malah kula ingkang ngalami kedadosan mekaten manika."
Sawijing sore, seminggu sawise ke­dadean mau, Ardi mara-mara nyedhak nalika Daning lagi nyisiri rambute Lindy.
"Piye? Isih kepengin tuku BB?" ta-kone Ardi karo mesem.
Daning noleh. "Kenapa, Mas? Apa arep mundhutne aku?"
"Iya, iki aku oleh rejeki. Yen iya ayo budhal saiki. Tapi aja sing larang banget ya...
Daning mesem amba. "Matur nu­wun, Mas. Ning ora usah. Hape-ku isih bisa digawe kok. Dhuwite disimpen bae wis," semaure kalem
Ardi mlongo. Ora nyana menawa sisihane njawab kaya ngono kuwi. Kan­thi wajah kebak pitakonan Ardi nyawang bojone, sing disawang mung mesem ngujiwat.


Kapethik saka Majalah Jaya Baya no 44 Minggu V Juni 2013